Jumat, 28 Desember 2007

belo soengkowo

Enjang puniko klangenan kulo Lobster toya tawar pejah, amargi dipun piloro kaliyan ulam Arwana ingkang pancen radi nakal tur galak sanget.
Milo kulo radi gregetan kaliyan si-Arwana (nanging mboten mawi Tukul lho), sinaosa kolo emben radi telat mas Natim anggenipun tumbas umpan.
Ning malah ndadosaken poro kucing ingkang gangsal cacahipun lajeng pesto sesarengan sami maem bakaran lobster, ingkang ambetipun kemawon ndadosaken Pak Bondan ngendiko "mak nyuuus tenaaan"
Nggrundel bab lobster wonten guyonan ingkang maton mekaten:
Ndisik ora iso mangan lobster mergo lagi mlarat,
Saiki ora iso mangan lobster mergo asam urat,
Aku ora doyan mangan lobster njur lobsterku sekarat.
Poro pamiyarso monggo dipun syukuri kemawon, rahmat saking Gusti Allah ingkang Moho Mirah. Taksih kathah masakan ingkang langkung echo namung mboten ndadosaken cuwo. Alhamdulillah,....

Jakarta, suryo kaping wolulikur Desember 2007

Tidak ada komentar: