Minggu, 28 September 2008

LEBARAN

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1429 H
Minal Aidhin wal Faidzin

Nyuwun sagunging pangaksomo saking panjenengan sami, mbokbilih ing wekdal kepengker wonten kalepatan kulo sak brayat keluargo, ingkang dipun sengojo utawi ingkang boten dipun sengojo.

Mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi paring kanugrahan dumateng kito sedoyo. Amien.

Cijantung tiga, 1 Syawal 1429 H
Kulo sak brayat Keluargo ageng saking

Darsana Setiawan (Darsonotasiun)

Jumat, 05 September 2008

SHAUM

Shaum utawi Siam, kasebat ugi kanthi boso ngoko Poso, mujudaken rukun (pedamelan ingkang kedah dipun lampahi dening ingkang pitados utawi ngugemi keyakinan) Islam ingkang ongko 3. Shaum ing wulan Romadhon puniko boten namung ngemu suraos ibadah dumateng ngarsanipun Gusti Allah s.w.t. Meh sedoyo poro ilmuwan sarujuk dumateng inti shaum soho paring dukungan dumateng ibadah shaum puniko. Saking perangan ilmu jiwa. pendidikan, kesehatan soho ilmu sosial sedoyonipun paring dukungan lan sarujuk bilih shaum puniko mbekto manfaat dumateng perkembangan jiwo lan rogo.

Shaum damel jejeging disiplin jiwo, ugi moral soho semangat bebrayan ingkang kiyat. Shaum ugi saged ndadosaken landasan latihan prihatos lahir, soho “pengendalian” pribadi lan howo nafsu. Punopo malih naliko kito nembe shaum, tamtu bade ngraosaken kabetahan ingkang kedah sabar dumateng sedoyo tindak tanduk ingkang bade lumampah.
Shaum ugi murugaken priyantun sami teguh ngemban janji, amanah, lan nebihaken saking tumindak culiko.
Raos luwe lan ngelak ndadosaken priyantun ingkang shaum lajeng kagungan raos “iso ngrasakke roso rekasaning liyan” (kepekaan sosial & kesalehan sosial), LAJENG GEMREGAH MANAH saged rumaos (iso ngrumangsani, ora mung iso rumongso utowo rumongso iso). Lha tumusipun tumindak lajeng saged rumaos (iso ngrumangsani yen akeh sing ora iso tak laksanani).

Cobi sami kito galih, bilih mesin mobil kemawon kedah dipun andapaken mesin naliko sampun lumampah 5 utawi 6 tahun laminipun, punopo malih madaran kito ingkang sampun “operasi kerja” puluhan tahun laminipun, menawi boten wonten wekdal istirahat tamtu bade ngadat. Pramilo lajeng dawah kleresan Gusti Ingkang Murbeng Dumados paring dawuh shaum ing wulan Romadhon, kangge jejegaken iman netepi agami.
Mugi ibadah shaum kulo lan panjenengan sami dipun lambari namung pados ridhanipun Allah taala, tinampi dening Gusti. Amien.