Kamis, 27 Desember 2007

DOLANAN JANGKRIK


Rikolo alit kulo remen ngingah jangkrik, punopomalih Eyang Kakung Hardjongoelomo remen maringi arto kangge tumbas jangkrik jlitheng (cemeng). Menawi ndalu jangkrik lanang sami ngerik sesarengan ngantos wonten talingan mbrebegki. Kadangkolo menawi wonten konco jaler dumugi nggriyo lajeng ajak-ajak adu jangkrik,....inggih dipun ladosi. Kawiwitan dipun glitik ngangge suket teki lajeng jangkrik lanag kekalih sami cokot-cokotan.
Menawi nembe musim jawah, pados jangkrik wonten sabin langkung ngremenaken, meopo malih sabinipun bibar dipun pantun, waah kathah sanget jangkrik-ipun. Menawi mboten jawah pados jangkrik wonten ngeril sepur urut setasiun.
Pakanipun jangkrik meniko kolo-kolo krokot dipun sundling ngangge lombok abrit, wah lajeng galak sanget menawi dipun kilik-kilik(kileni).
Menawi tumbas dateng ngajeng sekolahan PsarPon Kediri, asring kapusan, amrgi jangrik ingkang wonten plompong kates (wadahipun) mboten angsal dipun bikak alias "gambling".
Ingkang ngremenaken menawi ajar ndamel kandangipun saking ruji pring ingkang dipun tumpuk-tumpuk, menawi iketanipun saking karet gelang asring ugi dipun krokoti jangkrikipun lajeng sami ucul sedoyo. Paling-paling inggih namung mringis kemawon. Nasib....

Tidak ada komentar: