Minggu, 28 September 2008

LEBARAN

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1429 H
Minal Aidhin wal Faidzin

Nyuwun sagunging pangaksomo saking panjenengan sami, mbokbilih ing wekdal kepengker wonten kalepatan kulo sak brayat keluargo, ingkang dipun sengojo utawi ingkang boten dipun sengojo.

Mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi paring kanugrahan dumateng kito sedoyo. Amien.

Cijantung tiga, 1 Syawal 1429 H
Kulo sak brayat Keluargo ageng saking

Darsana Setiawan (Darsonotasiun)

Jumat, 05 September 2008

SHAUM

Shaum utawi Siam, kasebat ugi kanthi boso ngoko Poso, mujudaken rukun (pedamelan ingkang kedah dipun lampahi dening ingkang pitados utawi ngugemi keyakinan) Islam ingkang ongko 3. Shaum ing wulan Romadhon puniko boten namung ngemu suraos ibadah dumateng ngarsanipun Gusti Allah s.w.t. Meh sedoyo poro ilmuwan sarujuk dumateng inti shaum soho paring dukungan dumateng ibadah shaum puniko. Saking perangan ilmu jiwa. pendidikan, kesehatan soho ilmu sosial sedoyonipun paring dukungan lan sarujuk bilih shaum puniko mbekto manfaat dumateng perkembangan jiwo lan rogo.

Shaum damel jejeging disiplin jiwo, ugi moral soho semangat bebrayan ingkang kiyat. Shaum ugi saged ndadosaken landasan latihan prihatos lahir, soho “pengendalian” pribadi lan howo nafsu. Punopo malih naliko kito nembe shaum, tamtu bade ngraosaken kabetahan ingkang kedah sabar dumateng sedoyo tindak tanduk ingkang bade lumampah.
Shaum ugi murugaken priyantun sami teguh ngemban janji, amanah, lan nebihaken saking tumindak culiko.
Raos luwe lan ngelak ndadosaken priyantun ingkang shaum lajeng kagungan raos “iso ngrasakke roso rekasaning liyan” (kepekaan sosial & kesalehan sosial), LAJENG GEMREGAH MANAH saged rumaos (iso ngrumangsani, ora mung iso rumongso utowo rumongso iso). Lha tumusipun tumindak lajeng saged rumaos (iso ngrumangsani yen akeh sing ora iso tak laksanani).

Cobi sami kito galih, bilih mesin mobil kemawon kedah dipun andapaken mesin naliko sampun lumampah 5 utawi 6 tahun laminipun, punopo malih madaran kito ingkang sampun “operasi kerja” puluhan tahun laminipun, menawi boten wonten wekdal istirahat tamtu bade ngadat. Pramilo lajeng dawah kleresan Gusti Ingkang Murbeng Dumados paring dawuh shaum ing wulan Romadhon, kangge jejegaken iman netepi agami.
Mugi ibadah shaum kulo lan panjenengan sami dipun lambari namung pados ridhanipun Allah taala, tinampi dening Gusti. Amien.

Senin, 04 Agustus 2008

DUO SIMBAH



Foto duo simbah (sisih tengen Simbah Jowo lajeng ingkang sisih kiwo puniko Simbah Suroboyo)

Jumat, 06 Juni 2008

MANUNGGALING KAWULO GUSTI 1

N aliko nderek pengaosan wonten Musholla Pak Ustadz ngendiko bilih sak-yektosipun Al Qur'an sampun paring tuntunan kados pundi totocaranipun kawulo Gusti anggenipun bade "nyenyuuwun" wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumados inggih Allah SWT, kados dene sinerat wonten umul kitab Al Fatichah.

Ongko sepindah, ngluhuraken asmanipun Gusti Allah kanti memuji raos syukur dumateng sedoyo ingkang sampun dipun anugrahaken dumateng kito. Ugi memuji kanti rilo legawaning penggalih, dumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados Ingkang Moho Asih soho Moho Sayang.


Ongko kalih, ngakeni kanti keyakinan ingkang boten goreh bilih Gusti Allah puniko ingkang dados panguwaosipun sedoyo titah, ngantos ing tembe dinten titiwanci kito dipun jejegaken malih gesang ing alam kelanggengan.


Ongko tigo, nyuwun kanthi ikhlasing penggalih mugi Gusti Allah paring pitedah tumuju wonten margi ingkang leres, inggih marginipun priyantun kawulaning Gusti ingkang dipun paringi ridho , soho sanes marginipun tiyang ingkang ketiban murkaning Gusti Allah utawi marginipun tiyang ingkang keblasuk kedlarang-dlarang gesangipun.


Pramilo lajeng anggenipun manembah kanti nyenyuwun wonten ngarsapipun ingkang Moho Mulyo, kedah resik saking rumbedo "manah drengki" lumantar nyenyuci maos istighfar "Astaghfirullah hal adhiem" (Duh Gusti, kawulo nyuwun ampunan Paduko).


Nah, Pak Ustadz lajeng ngendiko menawi kito istighfar puniko taksih ngemu suraos "ambeg kamanungsan" wantun nyuwun amargi pinaringan "hak" . Menawi temen-temen kanti leganing penggalih pasrah dumateng wonten ngarsanipun Gusti Allah, wonten ingkang langkung parayogi dipun lampahi kanti ndonga kados dene Nabi Yusuf a.s maos "Gufronnata" (duh Gusti Allah, tanpo lilah kasih sayang saking Paduko, kawulo boten bade sagah marak sowan wonten ngarso Paduko) .


Kepareng lajeng Kulo pitaken dateng Pak Ustadz, "punopo donga kulo kanti awalan "istighfar" prayogi dipun gantos kaliyan "Gufronata"?. Pak Ustadz paring jawaban "boten sisah, ingkang langkung wigatos naliko nyuwun ampunan saking Gusti Allah, manah kito saged saestu ikhlas pasrah manembah dados kawulaning Gusti ingkang kebak kekirangan soho kalepatan".


Alhamdulillah hirobil-alamien, lajeng manah kula "mak pyar" rumaos kados dene kesiram toya sewindhu.


Wallahualam bissawab.......


Mungkasi andaran rembag agami ing seratan puniko, keparengo kulo sumelo atur akak-ajak; sumonggo sami asesanti "Senajan urip neng alam ndonya koyodene gedene mung sak klentheng (isi kapok randu), terus di wiyak wiyak kadidene suwene nganti sak rendheng, nanging isih suwe urip neng alam akherat amargo suwene tanpo winates, yo kuwi alam kelanggengan bareng antarane kawulo karo Gusti". Amien.


Monggo kulo nderek sesarengan panjenengan sami.




Senin, 26 Mei 2008

JAMOE JOWO KUALITAS GLOBAL

Jamu Jawi saking ron-ronan soho rempah-rempah saking bumi Nuswantoro sejatosipun mujud-aken warisan saking leluhur kito, ingkang dipun leluri dening keluargo kraton Kasunanan Surokarto Hadiningrat.
Ing samangke jamu Jawi puniko sampun dados "primadona" ingkang katah dipun padosi poro wanito sulistyo saking monco negari. Pramilo peken herbal/jamu sak ndonya ing warso puniko nyandak US$ 15 milyar.

Waah,........kito kebagian rejeki lumantar ekspor jamu dumugi US$ 600 yuto, sami kalian Rp 5 triliun, ing warso 2007 kepengker lumantar Gabungan Pengusaha Jamu Indonesia.
Tahun 2010 ing tembe dipun rekodoyo saged nggayuh wadeyan peken Internasional dumugi Rp 10 triliun. Walah..walah........Jamu Jawi sampun dumugi Amerika, Uni Eropa soho pedaleman Afrika lho.
Menawi panjenengan kepengin pirso, bab punopo ingkang ndadosaken cuwo amargi saged ngirangi kapitadosan saking njawi negari inggih puniko "jamu oplosan bahan kimia" ingkang ugi dipun label mawi ukoro Jamu. Kamomgko pangertosan jamu (ing samangke ugi kasebat herbal) puniko obat tradisional alami saking Nuswantoro.
Wonten malih negari lintu ingkang ndamel Jamu, nanging bahan herbal-ipun asal saking negari kito Nuswantoro, malah wonten Inggris dipun damel jamu ingkang herbal-ipun asal saking India, kamongko menawi ngangge herbal saking negari kito, kualitasipun saged langkung sae.

Panjenengan kepengin pirso pinten cacahipun "pengusaha Jamu" kito ?, mboten sekedik inggih dumugi 1.116 "pengusaha Jamu" ingkang gadah karyawan cacahipun ngantos 3000 tiyang.
Naliko alit, kulo sampun biyoso ngombe jamu cap Jago, ingkang dipun wade wonten Jalan Dhoho Kediri, malah menawi nembe wonten peken malem wadeyanipun ngangge iklan priyantun alit kados Mas Ucok Baba ingkang saged murugaken lariis maniiis.

Walah........waalaah.........

Sabtu, 10 Mei 2008

INNALILLAHI WAINNAILLAIHI ROJIUN

LELAYU
Sampun kondur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumados Allah SWT, Bapak H. Sumantri bin Suranto (adik ipe saking simbah JOWO utawi adik kandung saking Ibu Hj. Wienarni Darsono),
rikolo;
dinten Rabu Legi suryo kaping 23 April 2008, sesarengan suryo jawi kaping 16 wulan Bakdo Mulud tahun jawi 1941, wanci jam 08.30, amargi gerah serangan jantung.
Mugi sedoyo amalanipun almarhum naliko sugengipun wonten ing alam ndonya, pinaringan hidayah piwales ganjaran saking Allah SWT. Dumateng sedoyo keluwargo ingkang dipun tilaraken mugi pinaringan ketabahan sosho kekiyatan iman.
Amien.

Ingkang nderek belosungkowo
Keluwargo ageng Darsono Setiawan,
Cijantung Tigo Jakarta

Senin, 28 Januari 2008

LELAYU


Innalillahi wainnaillaihi rojiun
Sampun kondur wonten ngarsanipun Gusti Allah Swt panjenenganipun Bapak Haji Mohamad Soeharto naliko dinten Minggu suryo kaping pitulikur wulan Januari tahun 2008 utawi tanggal 18 Muharam tahun 1429 Hijriyah sawetawis jam 13.10 (satunggal, sedoso menit siang), wonten griyo sakit pusat Pertamina Jakarta.
Almarhum inggih boten sanes Presiden Republik Indonesia ingkang "ongko kalih" ingkang ngasto jabatanipun wiwit tahun 1966 ngantos dinten Kemis suryo kaping selikur wulan Mei tahun 1998.
Mugi Gusti Allah Swt, paring kanugrahan ampunan pangapuro dumateng sedoyo kalepatanipun, naliko taksih sugeng, ugi Gusti paring rohmat panggenan ingkang mulyo kados dene kersanipun Gusti Ingkang Moho Kuwaos. Amien.
Dumateng kaluwargo ingkang dipun tilaraken, mugi Gusti Allah Swt paring kekiyatan iman soho keberkahan sabar lahir ngantos tumusing bathin.

Mbokbilih kito sedoyo sampun natos nampi tuntunan agami, bilih wonten salah satunggaling kawulaning Gusti ingkang katimbalan (sedo/wafat), ingkang kito emut-emut namung tumindak kabecikkanipun, menggah mekaten puniko ingkang kawastanan "mikul dhuwur mendhem jero" .
Bapak Presiden Susilo Bambang Yudhoyono, saking Istana Negara Jakarta, sampun paring woro-woro ngajak kito sedoyo paring kinurmatan dumateng tiyang sepuh kito sedoyo ingkang sampun kondur wonten ngarsanipun Gusti, inggih Bapak Haji Mohammad Soeharto ingkang natos paring kinaryo dumateng sedoyo wargo bongso Indonesia.
Gusti Allah Swt, ingkang Moho Mangertosi lelabeting almarhum kanti "sampurno", amargi namung poro Rosulullah ingkang kaparingan pangayoman "maksum" utawi "kalis saking kalepatan". Sedoyo kawulaning Gusti sanesipun Rosulullah, kados kito sedoyo boten wonten ingkang "sampurno" saking kalepatan.

Sumongo kawulo derekaken panjenengan sedoyo sami-sami ndedonga "mugi Gusti Allah Swt paring kanugrahan pangampunan dumateng sedoyo kekirangan lan kalepatanipun almarhum Bapak Haji Mohammad Soeharto, inggih Bapak bongso kito sedoyo, inggih mantan Presiden kito, inggih hamba kawulaning Gusti ingkang murbeng dumados ingkang "dipun pilih kalampahan" mimpin kito sedoyo, wiwit tahun 1966 ngantos tahun 1998 , Amien, ya robal alamien.
Sugeng tindak Pak Harto, sugeng marak wonten ngarsanipun Gusti ingkang kalangkung langkung (moho) asihipun.

Nuwun.
Kulo "pribadi soho keluwargo" ingkang nderek belosungkowo.

Selasa, 22 Januari 2008

SENJOTO TEMPE vs SENJOTO KUNTHO


Sampun sak wetawis kulo mboten maem tahu kaliyan tempe, amargi wonten wande sak putering nggriyo, soho peken, ugi mboten wonten ingkang wande. Menawi wonten reginipun inggih sampun benten (awis sangeet), jalaran ingkang ngersakaken dahar tahu soho tempe (ingkang taksih ngungemi kaprasetyan dateng tahu-tempe kados kulo meniko) ugi taksih kathah.
Kacarios, regi tahu-tempe ingkang kalangkung-langkung awis, jalaran regi kedele impor saking Amerika Serikat (AS) ingkang kangge racikan tahu-tempe ugi mindak reginipun.
Kulo lajeng gumujeng piyambak kanthi mbatos,....."eeealah....wong tempe wae kok diobrak-abrik Amerika...." ananging salajengipun kulo lajeng kemutan ugi sadar.....bilih AS natos ngambruk-aken negari adidoyo sanes inggih puniko Uni Sovyet, kanthi coro embargo gandum.
Weleh....weleh,...punopo mboten hebat AS puniko.
Menawi pak Bush (presiden AS) ngendhiko bilih IRAK meniko gadhah senjoto nuklir lan senjoto kimia, ananging ngantos sepriki dereng saged kaungkab "leres punopo boten", salajengipun AS malah gadhah sedoyo rekodoyo senjoto. mBoten ketilaran senjoto gandum, ugi senjoto kedele (tahu-tempe).
Poro priyantun ingkang sami remen tahu-tempe sedoyo sami klimpungan piyambak, jalaran senjoto pangan AS kolowau kadidene senjoto kuntho kagunganipun Bethoro Karno ingkang kangge mejahi Gatotkoco lumantar sederek sinorowedhinipun piyambak. Bethoro ngemu suraos "ingkang dipun wigatosi, dene Karno nemu suraos pamireng utawi informasi. Lha dalah.....rak saestu tho, bilih ingkang kagungan kawigatosan dumateng informasi sampun paring pangemut-emut ngangge senjoto kuntho (senjoto pangan-inggih senjoto kedele, utawi terigu, lingsah klenthik, jagung.......lam sakpituritipun).
Kulo lajeng kemutan naliko taksih alit, kapurih sibu antri uwos ngangge "keplek" ingkang dipun damel saking pring dipun cet abrit-pethak, lajeng sak sampunipun tigang jam antri, ingkang medal sanes uwos (beras Amerika), nanging BULGUR ingkang wonten AS kangge pakan sapi uatawi mendho.
"Waduuh aku njur dipadakke wedhus kudu mangan bulgur,...yoooh tak trimak-trimakke amargo wetengku lagi luwe".
Nyuwun duko, menawi madaran nembe luwe, menopo kemawon inggih dipun maem, sianosa kadidene mendho ingkang maem bulgur.
Nanging sampun keseringan dahar bulgur, mangke mindak membo-membo dados mendho malah kelajeng dados..........ha.....ha.....

Cijantung, Januari 2008.

Kamis, 17 Januari 2008

CEMBURU


Rikolo Enjang, wekdal dinten Astnain (Senin) suryo kaping 5 wulan Muharam/Suro tahun 1429 H/1941 Jawi, Televsi Pendidikan Indonesia (TPI) nggiyaraken adicoro pengaosan/tuntutan agami (Islam) utawi kuliah Subuh, ingkang dipun embani dening ustadz "cinta" kanti wacono rembag "cemburu".
Salah satuggaling pamiarso ing studio atur pitakenan bab pangertosanipun "cemburu" puniko. Lajeng ustadz paring jawaban ingkang ngemu suraos mekaten " Cemburu puniko mujudaken kahanan wonten ing salebeting manah, ingkang bade ngejowantah dados raos kirang reno, amargi lampahipun salah satunggiling priyantun ingkang dipun tresnani, paring kawogatosan dumateng priyantun sanes". Menawi kulo piyambak gadhah pangertosan bab cemburu inggih puniko raos cuwo, amargi tiyang ingkang dipun tresnani nglanggar prasetyo ing janji.
Pitakenan ingkang medal salajengipun mekaten "menawi katresnan ingkang sejatos dumateng salah satunggaling "pribadi sanes" ingkang kawastanan ‘KINASIH" sampun ngemu slingkuh, punopo Gusti Allah ingkang Moho Asih ugi kagungan raos "cemburu?". Lajeng pak Ustadz atur pangandikan "menawi ingkang Moho Tresno nresnani hambanipun, lajeng kito ingkang dipun tresnani nglampahi slingkuh nresnani sesembahan sanes, tamtu Gusti Allah ingkang Moho Kuwaos bade cemburu, amargi hamba ingkang dipun tresnani soho dipun paringi kanugrahan kanikmatan ingkang tanpo upami, nglampahi "s`edh`eng".

Ananging Gusti Allah Swt sanes satunggaling titah, pramilo mboten badhe kelampahan Allah ta’ala nglanggar parsetyaning janji, saenggo ndamel kita hambanipun dados cemburu, ananging kosok wangsulipun, Allah ta’ala bade cuwo ngantos duko menawi kito hambanipun mboten setyo malih dumateng "jejering gesang sejatos".
Waaah, kulo lajeng kemutan datheng pangandikanipun Gusti (firman Allah) wonten salebeting Al Qur’an ingkang ngemu suraos "Gusti Allah bakal paring pangapuro marang sakabehing kaluputaning kawulo sing gelem nyuwun pangapuro, kajobo kaluputan "SIRIK"marang Aku..
Sirik puniko salah satunggaling lampah "s`edh`eng" utawi slingkuh dumatheng ingkang kito tresnani inggih puniko Gusti Ingkang Murbeng Dumados. Menawi Allah ta’ala ngantos duko ingkang tanpo upami, saenggo mboten kerso malih paring pangapuro amargi hambanipun nglampahi sirik/slingkuh/ s`edh`eng, dumateng sesembahan sanes, lajeng dumateng sinten malih kito badhe nyuwun pangayoman?. Kamongko inggih namung Gusti Allah Swt, ingkang Moho Kuwaos paring pangayoman.
Mbokbilih pengaosan kuliah Subuh kanti waosan "cemburu" ingkang kaandaraken wonten ngarso panjenengan sami, saged ndadosna pasinaon kito sedoyo, supados mboten nggampilaken lampah slingkuh/ s`edh`eng sinaosa namung dumateng sesami hamba Allah utawi sisihan/semah kito piyambak.
Tetep nglampahi kaprasetyan (prasetyo ing janji) puniko ingkang langkung sae tinimbang mblenjani/nglanggar ing janji.
Kulo lajeng kemutan gending rakitanipun Ki Nartosabdho almarhum, ingkang dipun paringi sesilih "OJO LAMIS". Lajeng kulo rengeng rengeng piyambak wonten sangajengipun mejo komputer kepireng mekaten ;
Ojo sok gampang dadi wong manis, yen to amung lamis.
Becik aluwung prasojo nimas,ora agawe gelo…….

Sumonggo kulo derekaken panjengan sami gesang prasojo kanthi lampah prasetyo ing ngarsanipun Gusti. Mugi kanti nyuwun pangapuro dumatheng Gusti, kito pinaringan ampunan soho kaparingan kanugrahan katresnan ingkang tanpo winates, kasembadan punopo ingkang dipun gayuh gesang wonten salebeting gesang sejatos.
Amien, ya robbal alamien,
Nuwun.



Atur kinurmatan saking kulo,
Darsono Setiawan.

Minggu, 06 Januari 2008

AL I'TIRAAF


• Duh Gusti Allah, kawulo mboten pantes lumebet wonten ing swargo paduko,
Nanging kawulo mboten kuwowo nampi bebendu benteripun latu neroko.
• Pramilo mugi kaparingono kawulo ampunan soho kinapus sedoyo dosa-dosa kawulo,
• Amargi sejatosipun panci namung paduko piyambak ingkang Moho Paring Pangampunan soho Moho Agung binathoro.

• Dosa-dosa kawulo sampun kados dene larakkan krikil wedhi ing sapinggiripun samudro,
• Pramilo mugi kaparingono kawulo ampunan saking Paduko, duh Gusti ingkang Moho Agung.
Sawetawis umur kawulo lumampah teras, soho samsoyo sudo ing saben dintenipun,
• Kamongko dosa-dosa kawulo ugi teras nambah, lajeng kados pundi anggen kawulo saged kuwowo nampi.

• Duh Gusti Allah, badan kawulo ingkang kebak maksiat puniko, sowan marak ing ngarso Paduko,
• Kanti raos ugi rumaos kebak dosa ingkang tanpo upami, pramilo kawulo nyuwun kanti sanget pinaringan pangapuro saking Paduko.
• Ananging menawi Paduko mboten rilo paring pangapuro, lajeng dumanteng sinten malih kawulo kedah nyuwun pangapuro saking dosa-dosa kawulo,
• Menawi Paduko paring pangapuro, panci sampun sak leresipun Paduko ingkang nyarirani piyambak, amargi inggih namung Paduko piyambak ingkang kagungan panguawaos paring kanugrahan pangapuro dumateng umat jejering manungso ingkang Paduko pilih soho kersaaken piyambak.

Astaghfirullah haladziim, duh Gusti Allah ingkang Moho Kinasih sarto Moho Tresno, pinaringono ampunan soho pangapuro dumateng sedoyo dosa ugi kalepatan kawulo.

Cijantoeng Tigo, suryo kaping 6 wulan Januari 2007 sesarengan suryo kaping 27 Dzulhijah 1428 H

Kamis, 03 Januari 2008

WARSO ENGGAL 2008 WONTEN KITHO SOLO

Dinten Seloso kolowingi kaleres tahun baru suryo kaping 1 Januari warso 2008, mbah Dar nembe wonten Surokarto Hadiningrat, saperlu nuweni kepenakkan ingkang nembe dados pinanganten inggih puniko Mas Ginjur alias tole Yan putranipun Dik mantri ingkang ongko kalih.Hiburanipun wonten pawiwahan puniko mboten sanes inggih organ soho campursari khas Solo, biduanipun kalih estri tur ....waduh...kempling saestu.Naliko biduan kekalih duet nembang "O...o.. kamu ketahuan pacaran lagi,...dengan si dia teman lamaku.." terus mikrofonnipun simbah ampil lajeng kaliyan jejogetan rame-rame,...simbah tumut nembang syairipun mekaten "Oo aku ketuaan jadi pacarmu, karena itu aku nggak berani terus menggodamu, lihat depanku ada istriku..." waaah poro tamu ingkang rawuh lajeng sami gumujeng, malah wonten ingkang ngacungaken jempolipun pratondo "kok wani yo wong ono bojone melu njoget".Lha kulo inggih wantun kemawon lha wong ngungkuri biduanipun, cobi menawi madep nyawang biduanipun lajeng ngungkuri estri kulo.......rak lajeng siyos mblaheni saestu!.O..o..... aku ora wani nglirik cah kuwi.....padahal ayuuuuu saestu biduanipun kolowau, nanging inggih lajeng emut sampun sepuh tur inggih sampun simbah.....(Keparengo kulo ngaturaken dialog imajiner antawisipun kulo kaliyan simbah buyut ingkang rinakit geguyonan ngemu suraos mekaten : pituture priyayi sepuh kuwi mengkene "heling...heling...yo nggeer...wis uzuur"...njur aku njawab dhewe mangkene "ning isih kuwowo ki mbah yut, mengko rak yo mubaziir ngono" banjur simbah Buyut duko karo ngendiko " pancene bocah saiki yen dikandani seneng mangsuli, tur golek benere dhewe"). Walaah..walah yen simbahe wae isih mengkene opo maneh gek putune yo.....
Nuwun sewu meniko namung gegojegan kemawon, menawi ing saleresipun kasumanggakaken panjenengan.
Horook.....