Kamis, 17 Januari 2008

CEMBURU


Rikolo Enjang, wekdal dinten Astnain (Senin) suryo kaping 5 wulan Muharam/Suro tahun 1429 H/1941 Jawi, Televsi Pendidikan Indonesia (TPI) nggiyaraken adicoro pengaosan/tuntutan agami (Islam) utawi kuliah Subuh, ingkang dipun embani dening ustadz "cinta" kanti wacono rembag "cemburu".
Salah satuggaling pamiarso ing studio atur pitakenan bab pangertosanipun "cemburu" puniko. Lajeng ustadz paring jawaban ingkang ngemu suraos mekaten " Cemburu puniko mujudaken kahanan wonten ing salebeting manah, ingkang bade ngejowantah dados raos kirang reno, amargi lampahipun salah satunggiling priyantun ingkang dipun tresnani, paring kawogatosan dumateng priyantun sanes". Menawi kulo piyambak gadhah pangertosan bab cemburu inggih puniko raos cuwo, amargi tiyang ingkang dipun tresnani nglanggar prasetyo ing janji.
Pitakenan ingkang medal salajengipun mekaten "menawi katresnan ingkang sejatos dumateng salah satunggaling "pribadi sanes" ingkang kawastanan ‘KINASIH" sampun ngemu slingkuh, punopo Gusti Allah ingkang Moho Asih ugi kagungan raos "cemburu?". Lajeng pak Ustadz atur pangandikan "menawi ingkang Moho Tresno nresnani hambanipun, lajeng kito ingkang dipun tresnani nglampahi slingkuh nresnani sesembahan sanes, tamtu Gusti Allah ingkang Moho Kuwaos bade cemburu, amargi hamba ingkang dipun tresnani soho dipun paringi kanugrahan kanikmatan ingkang tanpo upami, nglampahi "s`edh`eng".

Ananging Gusti Allah Swt sanes satunggaling titah, pramilo mboten badhe kelampahan Allah ta’ala nglanggar parsetyaning janji, saenggo ndamel kita hambanipun dados cemburu, ananging kosok wangsulipun, Allah ta’ala bade cuwo ngantos duko menawi kito hambanipun mboten setyo malih dumateng "jejering gesang sejatos".
Waaah, kulo lajeng kemutan datheng pangandikanipun Gusti (firman Allah) wonten salebeting Al Qur’an ingkang ngemu suraos "Gusti Allah bakal paring pangapuro marang sakabehing kaluputaning kawulo sing gelem nyuwun pangapuro, kajobo kaluputan "SIRIK"marang Aku..
Sirik puniko salah satunggaling lampah "s`edh`eng" utawi slingkuh dumatheng ingkang kito tresnani inggih puniko Gusti Ingkang Murbeng Dumados. Menawi Allah ta’ala ngantos duko ingkang tanpo upami, saenggo mboten kerso malih paring pangapuro amargi hambanipun nglampahi sirik/slingkuh/ s`edh`eng, dumateng sesembahan sanes, lajeng dumateng sinten malih kito badhe nyuwun pangayoman?. Kamongko inggih namung Gusti Allah Swt, ingkang Moho Kuwaos paring pangayoman.
Mbokbilih pengaosan kuliah Subuh kanti waosan "cemburu" ingkang kaandaraken wonten ngarso panjenengan sami, saged ndadosna pasinaon kito sedoyo, supados mboten nggampilaken lampah slingkuh/ s`edh`eng sinaosa namung dumateng sesami hamba Allah utawi sisihan/semah kito piyambak.
Tetep nglampahi kaprasetyan (prasetyo ing janji) puniko ingkang langkung sae tinimbang mblenjani/nglanggar ing janji.
Kulo lajeng kemutan gending rakitanipun Ki Nartosabdho almarhum, ingkang dipun paringi sesilih "OJO LAMIS". Lajeng kulo rengeng rengeng piyambak wonten sangajengipun mejo komputer kepireng mekaten ;
Ojo sok gampang dadi wong manis, yen to amung lamis.
Becik aluwung prasojo nimas,ora agawe gelo…….

Sumonggo kulo derekaken panjengan sami gesang prasojo kanthi lampah prasetyo ing ngarsanipun Gusti. Mugi kanti nyuwun pangapuro dumatheng Gusti, kito pinaringan ampunan soho kaparingan kanugrahan katresnan ingkang tanpo winates, kasembadan punopo ingkang dipun gayuh gesang wonten salebeting gesang sejatos.
Amien, ya robbal alamien,
Nuwun.



Atur kinurmatan saking kulo,
Darsono Setiawan.

Tidak ada komentar: