Jumat, 28 Desember 2007

belo soengkowo

Enjang puniko klangenan kulo Lobster toya tawar pejah, amargi dipun piloro kaliyan ulam Arwana ingkang pancen radi nakal tur galak sanget.
Milo kulo radi gregetan kaliyan si-Arwana (nanging mboten mawi Tukul lho), sinaosa kolo emben radi telat mas Natim anggenipun tumbas umpan.
Ning malah ndadosaken poro kucing ingkang gangsal cacahipun lajeng pesto sesarengan sami maem bakaran lobster, ingkang ambetipun kemawon ndadosaken Pak Bondan ngendiko "mak nyuuus tenaaan"
Nggrundel bab lobster wonten guyonan ingkang maton mekaten:
Ndisik ora iso mangan lobster mergo lagi mlarat,
Saiki ora iso mangan lobster mergo asam urat,
Aku ora doyan mangan lobster njur lobsterku sekarat.
Poro pamiyarso monggo dipun syukuri kemawon, rahmat saking Gusti Allah ingkang Moho Mirah. Taksih kathah masakan ingkang langkung echo namung mboten ndadosaken cuwo. Alhamdulillah,....

Jakarta, suryo kaping wolulikur Desember 2007

Kamis, 27 Desember 2007

DOLANAN JANGKRIK


Rikolo alit kulo remen ngingah jangkrik, punopomalih Eyang Kakung Hardjongoelomo remen maringi arto kangge tumbas jangkrik jlitheng (cemeng). Menawi ndalu jangkrik lanang sami ngerik sesarengan ngantos wonten talingan mbrebegki. Kadangkolo menawi wonten konco jaler dumugi nggriyo lajeng ajak-ajak adu jangkrik,....inggih dipun ladosi. Kawiwitan dipun glitik ngangge suket teki lajeng jangkrik lanag kekalih sami cokot-cokotan.
Menawi nembe musim jawah, pados jangkrik wonten sabin langkung ngremenaken, meopo malih sabinipun bibar dipun pantun, waah kathah sanget jangkrik-ipun. Menawi mboten jawah pados jangkrik wonten ngeril sepur urut setasiun.
Pakanipun jangkrik meniko kolo-kolo krokot dipun sundling ngangge lombok abrit, wah lajeng galak sanget menawi dipun kilik-kilik(kileni).
Menawi tumbas dateng ngajeng sekolahan PsarPon Kediri, asring kapusan, amrgi jangrik ingkang wonten plompong kates (wadahipun) mboten angsal dipun bikak alias "gambling".
Ingkang ngremenaken menawi ajar ndamel kandangipun saking ruji pring ingkang dipun tumpuk-tumpuk, menawi iketanipun saking karet gelang asring ugi dipun krokoti jangkrikipun lajeng sami ucul sedoyo. Paling-paling inggih namung mringis kemawon. Nasib....

LAGU KLANGENAN

CUCAK ROWO
Didi Kempot

Kucoba-coba melempar manggis
Manggis kulempar mangga kudapat
Kucoba-coba melamar gadis
Gadis kulamar janda kudapat

Jamane jamane jaman edan
Wong tuo rabi perawan
Prawane yen bengi nangis wae
Amargo wedi karo manukke

Manukke manukke Cucak Rowo
Cucak Rowo dowo buntuteB
Buntute sing akeh wulune
Yen digoyang ser..ser.. Aduh enake

kripik tempe
koes plus

kripik tempe sak sen loro wis regane
kripik tempe sing marahi narik ati
Sing dodhol ayu klambine biru
ngguya ngguyu sajak seneng karo aku

PAMBUKO



Sowanipun blog puniko ing ngarso penjenengan mboten sanes namung nyadhong kawigatosan, kanti nyuwun palilah ing penggalih panjenengan sami, mugi kerso paring pangandikan lumantar seratan wonten blog puniko utawi lumantar serat elektronik/SUEL/e-Mail ; mbahjowo@yahoo.com.
Ngaturaken panuwun sakderengipun.
Katur kanti kinurmatan dumateng panjenengan sedoyo,
Jakarta, mungkasi tahun 2007 suryo kaping pitulikur wulan desember,

saking kulo
mBah Jowo.