Tiyang peranakkanngendiko ; Nuwun sewu mBah....bade matur menawi saged blog njenengan di link mawon kalih blog JOWO sanese. Kajenge rame ngoten tur nggih gayeng.sangking kulo, tiyang peranakkan Bapak kalih simbok. 2008 Januari 16 15:32
CACAKKE DEWE ngendiko... Ceek angele ngomong boso kromo iku lo, biasae ngomong karo arek-arek iku pokoke ngerti ae.tekok aku, cacakke dewe 2008 Januari 16 15:35
mBAH DARSONO ngendiko... Matur nuwun, paringanipun kawigatosan saking panjenenganipun :1. "tiyang peranakkan"2. "cacakke dewe"Punopo wonten malih ingkang bade nyusul paring ular-ular?.Sumonggo nyadhong dawuh. Nuwun. SimbahJowo.
tembang
WEKDAL SAK MANGKE
ATUR PAMBAGYO
Sinareng lumebet ing warso enggal 1429 hijriah, keparengo kawulo sak brayat hangaturaken SUGENG WARSO ENGGAL, mugi sedoyo ingkang kaajab ndadosna kasaenan, saged pinanggih ing karahayon saking kanugrahaning Gusti. Amien ya robbal alamien.
Simbah saking satunggal sisihan (Hj.Wienarni Darsono), kaparingan kanugrahaning Gusti Allah SWT sekawan anak (Lia, Dannie, Adek, Iman) soho kalih wayah (saking anak estri mbajeng Icha & Keke)
Kawulo kelairan Kediri, sanadyan simbah saking almarhum ibu wonten "Surokarto Hadiningrat" soho Bapak swargi saking Juwet Ngronggot Minggiran.
Samangke nenggani gubug pelenggahan wonten ing Cijantung Tigo Jakarta Timur.
Gambar dipun sengojo boten dipun jejeg-aken, inggih gambaripun eyang kakung (mbah darsono) naliko bibar olah raga dinten Jumuah, taksih ngagem kaos oblong klangenanipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar